Rabu, 03 Oktober 2012

DONGENG JAKA TARUB


Ing satunggaling dusun, wonten sawijining kaluwargi ingkang asma Nyai Randa Wulanjar kaliyan putra kakungipun, kanthi nama Jaka Tarub. Padamelan saben dintenipun pados ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade ing peken saklebetipun kitha Kudus. Ron menika dipunlintokaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge kabehanipun saben dinten. Saking tebihipun peken ingkang dipundugeni, mbok randha kaliyan putranipun mbetahaken pinten-pinten minggu menawi tindak peken, awit tebih saking Kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub ing saben dintenipun inggih menika mbebedak sato wonten ing wana.
Ing satunggaling wekdal sinambi lelenggahan ing ngajeng pawon, mbok randha nuturi putranipun supados enggal nggadhani sisihan. “Putraku, tak kira umurmu wis cukup kanggo golek sisihan. Miliha prawan saka desa tarub, warung, apa sesela!. Jaka Tarub lajeng mangsuli pun ibu, “Ibu, kula dereng sagah menawi kedah emah-emah wekdal sakmenika. Kula taksih remen saba dateng wana”. Kanthi alus pun Ibu matur malih, “Arep nunggu apa maneh ta putraku, ora patut menawa sliramu ora ndang golek sisihan. Nganti suk kapan? Apa widodari tumurun saka langit???? Jaka tarub “Ampun enggal-enggal duka pun ibu, menawi sampun wekdalipun kula mesti enggal pados sisihan Ibu”. Ibu “Ya wis nek pancen iku dadi kekarepanmu, mung welinge ibu, menawa saba menyang wana, aja munggah gunung, amarga gunung iku panggone angker, akeh jin-jin ing kana”.
Enjingipun, kados adatipun menawi mbebedhak, Jaka Tarub bidal nalaka taksih pajar supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu ing wana kok boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes. Siyang dados sonten, sonten sampun dados dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggihi satunggal punapa kemawon sato kewan. Amargi dalu menika padha rembulan, Jaka Tarub kepanggih peksi ingkang warnanipun endah, ananging peksi menika ical lan mlebet dhateng gunung. Namung Jaka Tarub menika boten pedhot kekarepanipun, piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging saya dalu Jaka Tarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayahipun Jaka Tarub kepengin ngaso lan sumare, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub saestu sare ing sakjeronipun wana.
Dalu menika dinten slasa Kliwon. Ing sajroning wana, piyambakipun kaget amargi kepireng suwanten gumujunging tiyang-tiyang estri, kepireng rame sanget. Amargi pengin mangertos suwanten menika sejatosipun saking pundi, pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percados menawi ing tengahing wana gung liwang liwung menika wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau, kanthi ndhelih ing sak wingkingipun kajeng ageng. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal widodari kala wau, pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lajeng dipun beta wangsul.
Sak sampunipun dumugi griya, Jaka Tarub lajeng tumuju malih ing wana papan widodari siram kala wau. Jaka tarub lajeng watuk-watuk, saknalika para widadari jumumbul kaget lajeng minggah dateng langit. Ananging wonten satunggal widodari ingkang mboten saged minggah dhateng langit amargi kicalan rasukanipun. Widodari menika gadhah nami Dewi Nawangwulan. Ayunipun mboten wonten ingkang saged nandingi, praupanipun cumlorot kados soroting rembulan ing wanci dalu. Jaka Tarub lajeng nyaket Dewi Nawangwulan, “Saking pundi asal panjenengan yayi, lan sinten asma panjenengan??? Sinambi duka lan nuwun Dewi mangsuli “Aku dudu manungsa, aku widodari, nawangwulan jenengku. Sliramu mesti pirsa menawa aku sak kanca adus ing sedhang mau??? Aja-aja sliramu uga kang ndhelikake kemben lan slendhangku.” Jaka lajeng mangsuli, “o... Yayi, ampun duka, amargi kula saestu mboten mangertos punapa-punapa, kula mboten sengaja liwat ing wana menika, lajeng kepanggih panjenegnan yayi”. Pun ngaten kemawon menawi kula saged paring rasukan dumateng panjenengan, punapa imbalanipun?? Dewi; “Menawi tiyang mudha, badhe kula dodosaken sedherek, menawi tiyang sepuh badhe kula dadosaken bapa kula”. Jaka Tarub lajeng maringi rasukan dhumateng Dewi Nawangwulan, lan dipun reh-reh supados ndherek Jaka Tarub, akhiripun Dewi Nawangwulan luluh manahipu lan kagarwa dening Jaka Tarub.
Ing satunggaling wekdal Nawangwulan sampun kagungan putri saking Jaka Tarub ingkang namanipun Nawangsih. Nawangsih praupanipun kados pun Ibu, praupanipun kados rembulan ingkang sumunar ing nalika dalu. Ing sawijining wedal, amargi kathah rasukan inkang reged, Nawangwulan pamit Jaka Tarub menawi badhe reresik ing lepen. Sakderengipun Nawangwulan tindak lepen, Nawangwulan mawanti-wanti supados nenggani putrinipun, kaliyan nenggani anggenipun adang sekul kanthi manti-manti ampun ngantos mbikak kekep sekulipun. Saktindakipun Nawangwulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, amargi Jaka Tarub gumun menawi pantun ingkang wonten lumbung kok mboten telas-telas. Ing manah, Jaka Tarub gadhah pemanggih leresipun napa ta ingkang dipun masak pun semah, kok wosipun ing lumbung mboten telas-telas. Jaka Tarub lajeng nggadhahi pamanggih mirsani dandang sekul, sakmenika Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun. Jaka tarub kaget amrgi ingkang wonten ing dandang namung satunggal pantun kemawon. Sak sampunipun saking lepen, Nawangwulan lajeng duka, awit Jaka Tarub cidra ing janji. Saking kedadosan punika kasektenipun Nawang Wulan dados widodari ical lan dados manungsa kados limrahipun.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan katemben nutu pantun. Nalika mendhet pantun ing lumbung, Nawangwulan mangertosi rasukanipun ingkang ical kala rumiyin, piyambakipun kaget lan duka dhumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi dening Jaka Tarub. “Kakang mas, sakmenika kula nyuwun pamit, kula badhe wangsul dhateng kayangan. Penjenengan damelaken nawang sih panggung alit, menawi nawang sih nangis penjenganagan paringaken nawangsih wonten panggung kala wau, lajeng panjenengan bakar damen ketan cemeng ing ngadhapipun panggung menika, supados kula saged mandap saking kayangan.” Jaka Tarub “Yayi, kula pancen lepat, kula nyuwun pangapunten Yayi, kula janji mboten bakal damel kalepatan malih Yayi, sakestu kula nyuwun pangapunten Yayi.” lajeng Nawang Wulan enggal-enggal ngaggem rasukanipun kangge minggah ing kayangan kayangan. Jaka Tarub “ Yayi...kula nyuwun pangapunten Yayi.....” Jaka Tarub namung saged nuwun mirsani putranipun ingkang taksih alit dipun tinggal ibunipun.
Kapetik saking maneka warna sumber.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar